PARIKAN
ESUK ESUK BUDAL TANDUR
GOWO KLAMBI SAMPIRNE PUNDAK
ESUK ESUK WIS NGLINDUR
WISANGGENI PANCEN KOPLAK
Wajik kletik gulo jowo
Gulo jowo asli sumoroto
Luwih becik sing prasojo
Lek prasojo gak marai ati gelo
...Ali ali tondo moto ,,,di gowo lungo menyang ponorogo
Sampun lali kalih kulo,olo2 kulo meniko nggih taksih menungso
Tuku tahu neng pasar legi..
tuku sepatu rupanee ireng
Kanca2ku selamat pagi
Nyuwun sanguu nopo kepareng,,(gawe dolan)
Tuku cemiti neng sumoroto
tuku pelem neng suroboyo
Aku ngenteni opo nggak rumongso
Yo wis lek gelem yo telepuno. (Mangkel)
Numpak sepedah rupane biru..lunyu2 kecemplung kali
enek bocah kok uuuaayuuu..wis ayuuu truss baik hati
Jambu abang gak mesti legi.
Rupo uayuu pean ati ati
mesti legi yen di campur gulo
Trah baik hati wong trah nyoto
kembang melati .
Di pakakne wedhus manak
Yo msti baik hati
la wong dia kuntilanak
tuku lengo neng sekayu,,,golek tali gawe nyencang sapi
aku tresni sliramu,,,,sampe mati kowe sing neng ati
abang abang gendero londo ijo ijo lampune disko..
sing tak adang mung jeneng siro..aku mikir koyo wong bodo
nyaking ember kiwo tengen,,,,
lungguh jejer gawe tombo kangen,,,
iso gambang ra iso nyuling
iso nyawang ra iso nyanding
kloso asle soko mendong,,
jare tresno kok mung domblong
menyang kutho tuku iwak kembung
jarene tresni gak wani nembung
iwak lele mati siji sing gede ra enak rasane,,
najan aku wong kere ojo mung mbok ece
nyangking klambi arep di kumbah..
wisanggeni iki bocahe ramah
arep di kumbah di pepe neng genteng
wis bocahe ramah pancene ganteng
manuk kutut manggung sore
ngiter butut dadi kere
manuk empri mencok lanjaran
pamite nang masjid jebule pacaran
kembang aren sumebar tepine kalen
ojo dahwen yen mung kepengin kajen
kembang melati gondo wangi merak ati
sing taberi ngati ati lan nastiti
ijo ijo godonge mawar
jo di paido aku sik blajar
tuku punten neng sumoroto
tali kawat di ulur dowo
cekap semanten saking kulo
menawi lepat nyuwun pangapuro
:::::::::bbg wisanggeni::::::::::
Tidak ada komentar:
Posting Komentar