Lelakon
oleh Wisanggeni Nggak Nakallagi pada 04 Agustus 2010 jam 12:50
Langit mendung gumulung,,nambahi ati soyo bingung,,,,,hawa panas ungkep rasane ati sansoyo senep,,,lelakoning urip kang kebak nalongso lan tansah nandang cintroko,,,kat kolo semono urung reti piye urip kang di arani mulyo,angin koyo2 wedi liwat panas hawane keliwat liwat nandang cobo koyo wis ra kuat,,,jare sing kuoso moho adil lan murah,,kenopo aku kok di taqdir urip susah ora tau grasakne bungah,,,opo pancen wis ginaris ake aku kudu koyo mengkene sak lawase,,,gak tau bungah,,gak enek mulyo,,,rekoso lan nelongso sak jroning uripe,,,,,mung siji panyuwunku mugo2 aku kuat lan sabar nglakoni kabeh pacobaning urip,,kulo tansah nyuwun dedongo dateng poro konco sedoyo mugi2 kiat lan lulus wonten ing ujian ing alam donyo,,,sanajan gak nyoto tp kok iso gawe loro,iso gawe keronto ronto,,iso gawe wong edan asmoro,iso gawe tambah konco lan dadi kluargo,sedoyo keluh kesah podo di critakno,murih biso golek tentreme jiwo,akeh crito lan kenangan,susah seneng dadi siji lan nyawiji,gak pandang iku sopo sing penting bagiku konco,ojo do gawe gelo akibate kurang prayogo,,,lek enek sing salah yo di apuro,,lan kito tansah sopo aruh karo konco,omong sak omng do di jogo ojo mung waton mengo,elingo yen kito iku podo ing ngarsane gusti alloh kang moho kuoso,mung amal lan ibadah sing bedakno,,wong urip mung sakdermo ojo banget gonmu nguber bondo banjur lali purwoduksino,kanti coro haram gak di pikirno sing penting sio ngumpulne bondo, yen wis sugih banjur ngece lan ngremehne sak podo2,,rumongso iso banjur nyempelekne konco,,,rumongso sugih banjur semugih,,rumongso pinter banjur keminter,mbo elingo bondo lan nyowo titipan sing kuoso sak wayah 2 di jabut kito ora biso semoyo,,,,,,,,,ayo konco do mertobat,,,ngedohi tumidak maksiat,,,ben gak di laknat,,,,ayo konco podo sholat kanti taat,,,ben iso dadi umate nabi Muhamad,,,,,,kewjiban ojo di tinggalno saben wektu lakonnono,,kareben munggah suwargo,,,,,,,
Ojo siro banget2 gesang aneng ngarcopodo,,,malaikat juru pati sak mongso2 bakal njabut nyowo siro,tanpo kondo lan tanpo kito biso suwolo.bondo donyo pancen perlu lan penting sak mongso kito gesang neng ngalam donyo,,,nanging bondo donyo ugo biso dadi jalaran kito mlebu neroko yen kito mboten kiyat ing pacoban,tiyang gesang kedah bersukur lan tansah narimo ing pandome gusti ALLOH.jo sombong,takabur,lan meri darbene liyan kang tundo ne bisa dadek ake nempuh coro kang ora bener lan kang di larang gusti ALLOH,,supoyo biso linuwih lan kajen,,,,iki pancen zaman wis tuo,,kang di arane zaman edan...tp sak bejo bejone wong kang lali isih bejo wong kang eling,,,mulone ayo sami eling kang kuoso,,lan tansah pasrah kang kuoso,,,,murih biso urip tentrem wiwit donyo dumugine akherat....tansah gegocekan iman lan taqwa,,,mugi 2 kito sedoyo pinarangan wilujeng widodo kalis ing sambikolo,,,,,,tenebih neng ing rubedo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar