ads

Rabu, 27 Oktober 2010

PARIKAN

                                                              
ESUK ESUK BUDAL TANDUR
GOWO KLAMBI SAMPIRNE PUNDAK
ESUK ESUK WIS NGLINDUR
WISANGGENI PANCEN KOPLAK


Wajik kletik gulo jowo
Gulo jowo asli sumoroto
Luwih becik sing prasojo
Lek prasojo gak marai ati gelo

...Ali ali tondo moto ,,,di gowo lungo menyang ponorogo
Sampun lali kalih kulo,olo2 kulo meniko nggih taksih menungso

Tuku tahu neng pasar legi..
tuku sepatu rupanee ireng
Kanca2ku selamat pagi
Nyuwun sanguu nopo kepareng,,(gawe dolan)

 

Tuku cemiti neng sumoroto
tuku pelem neng suroboyo
Aku ngenteni opo nggak rumongso
Yo wis lek gelem yo telepuno. (Mangkel)

 

Numpak sepedah rupane biru..lunyu2 kecemplung kali

enek bocah kok uuuaayuuu..wis ayuuu truss baik hati

 

 Jambu abang gak mesti legi.
Rupo uayuu pean ati ati

 

mesti legi yen di campur gulo
Trah baik hati wong trah nyoto

 

kembang melati .

Di pakakne wedhus manak

Yo msti baik hati 

la wong dia kuntilanak 

 

tuku lengo neng sekayu,,,golek tali gawe nyencang sapi

aku tresni sliramu,,,,sampe mati kowe sing neng ati

 

 

abang abang gendero londo ijo ijo  lampune disko..

sing tak adang mung jeneng siro..aku mikir koyo wong bodo

 

nyaking ember kiwo tengen,,,,

lungguh jejer gawe tombo kangen,,, 

 

 iso gambang ra iso nyuling

iso nyawang ra iso nyanding

 


kloso asle soko mendong,,

jare tresno kok mung domblong

 


menyang kutho tuku iwak kembung

jarene tresni gak wani nembung

 


iwak lele mati siji sing gede ra enak rasane,,

najan aku wong kere ojo mung mbok ece

 

nyangking klambi arep di kumbah..

wisanggeni iki bocahe ramah


arep di kumbah di pepe neng genteng

wis bocahe ramah pancene ganteng

 

manuk kutut manggung sore

ngiter butut dadi kere

 

manuk empri mencok lanjaran

pamite nang masjid jebule pacaran

 

kembang aren sumebar tepine kalen

ojo dahwen yen mung kepengin kajen

 

kembang melati gondo wangi merak ati

sing taberi ngati ati lan nastiti

 

ijo ijo godonge mawar

jo di paido aku sik blajar

 

tuku punten neng sumoroto

tali kawat di ulur dowo

cekap semanten saking kulo

menawi lepat nyuwun pangapuro

:::::::::bbg wisanggeni:::::::::: 

Sabtu, 23 Oktober 2010

LELAKON URIPKU

Lelakon

oleh Wisanggeni Nggak Nakallagi pada 04 Agustus 2010 jam 12:50
 
Langit mendung gumulung,,nambahi ati soyo bingung,,,,,hawa panas ungkep rasane ati sansoyo senep,,,lelakoning urip kang kebak nalongso lan tansah nandang cintroko,,,kat kolo semono urung reti piye urip kang di arani mulyo,angin koyo2 wedi liwat panas hawane keliwat liwat nandang cobo koyo wis ra kuat,,,jare sing kuoso moho adil lan murah,,kenopo aku kok di taqdir urip susah ora tau grasakne bungah,,,opo pancen wis ginaris ake aku kudu koyo mengkene sak lawase,,,gak tau bungah,,gak enek mulyo,,,rekoso lan nelongso sak jroning uripe,,,,,mung siji panyuwunku mugo2 aku kuat lan sabar nglakoni kabeh pacobaning urip,,kulo tansah nyuwun dedongo dateng poro konco sedoyo mugi2 kiat lan lulus wonten ing ujian ing alam donyo,,,sanajan gak nyoto tp kok iso gawe loro,iso gawe keronto ronto,,iso gawe wong edan asmoro,iso gawe tambah konco lan dadi kluargo,sedoyo keluh kesah podo di critakno,murih biso golek tentreme jiwo,akeh crito lan kenangan,susah seneng dadi siji lan nyawiji,gak pandang iku sopo sing penting bagiku konco,ojo do gawe gelo akibate kurang prayogo,,,lek enek sing salah yo di apuro,,lan kito tansah sopo aruh karo konco,omong sak omng do di jogo ojo mung waton mengo,elingo yen kito iku podo ing ngarsane gusti alloh kang moho kuoso,mung amal lan ibadah sing bedakno,,wong urip mung sakdermo ojo banget gonmu nguber bondo banjur lali purwoduksino,kanti coro haram gak di pikirno sing penting sio ngumpulne bondo, yen wis sugih banjur ngece lan ngremehne sak podo2,,rumongso iso banjur nyempelekne konco,,,rumongso sugih banjur semugih,,rumongso pinter banjur keminter,mbo elingo bondo lan nyowo titipan sing kuoso sak wayah 2 di jabut kito ora biso semoyo,,,,,,,,,ayo konco do mertobat,,,ngedohi tumidak maksiat,,,ben gak di laknat,,,,ayo konco podo sholat kanti taat,,,ben iso dadi umate nabi Muhamad,,,,,,kewjiban ojo di tinggalno saben wektu lakonnono,,kareben munggah suwargo,,,,,,,
Ojo siro banget2 gesang aneng ngarcopodo,,,malaikat juru pati sak mongso2 bakal njabut nyowo siro,tanpo kondo lan tanpo kito biso suwolo.bondo donyo pancen perlu lan penting sak mongso kito gesang neng ngalam donyo,,,nanging bondo donyo ugo biso dadi jalaran kito mlebu neroko yen kito mboten kiyat ing pacoban,tiyang gesang kedah bersukur lan tansah narimo ing pandome gusti ALLOH.jo sombong,takabur,lan meri darbene liyan kang tundo ne bisa dadek ake nempuh coro kang ora bener lan kang di larang gusti ALLOH,,supoyo biso linuwih lan kajen,,,,iki pancen zaman wis tuo,,kang di arane zaman edan...tp sak bejo bejone wong kang lali isih bejo wong kang eling,,,mulone ayo sami eling kang kuoso,,lan tansah pasrah kang kuoso,,,,murih biso urip tentrem wiwit donyo dumugine akherat....tansah gegocekan iman lan taqwa,,,mugi 2 kito sedoyo pinarangan wilujeng widodo kalis ing sambikolo,,,,,,tenebih neng ing rubedo 
Sampun lami kito kenal lan kekancan ing fban,,,,,kathah ugi salah lan luput,,sengojo lan mboten sengojo ingkang sampun kito lampahi,,kanti meniko monggo kito sedoyo kanti lembah manah lan iklase ati,,sami sami kito ngrumaosi lan intropeksi nopo nopo kekirangan kito,,punopo ingkang kito gayuh urip ing alam dunyo,,,namung pados sangune mati,,pados dalan padang tumuju ing ayunaning pangeran,mulo konco ayo kito sedoyo tansah eling lan waspodo neng dunyo mung sedelo gak usah gawe gelo lan cuwo lan sujono marang konco,,,,opo to gunane padu opo gunane tukaran,,ayo kito seduluran lan pasederekan,,,,mugo2 kito antuk ridho lan tansah pinaringan wilujeng rahayu nir kolo ing sambikolo,,,,podo awet2o leh kekancan lan seduluran,,,,joyo joyo wijayanti,,mugio joyo salamiyo,,

OJO DUMEH SUGIH BONDO

Eling-eling sira manungsa, Temenana lehmu ngaji, Mumpung durung katekanan, Malaikat juru patiLuwih susah luwih lara, Rasane wong nang naraka, Klabang kures kalajengking, Klabang geni ula geniRante geni gada geni, Cawisane wong kang dosa, Angas mring kang Maha Kwasa, Goroh nyolong main zinaLuwih beja luwih mulya, Rasane manggon suwarga, Mangan turu diladeni, Kasur babut edi peni.

Cawisane wong kang bekti, Mring Allah kang Maha Suci, Sadat salat pasa ngaji, Kumpul-kumpul ra ngrasani.

Omong jujur blaka suta, Niliki tangga kang lara, Nulungi kanca sangsara, Pada-pada tepa slira.

Yen janji mesthi netepi, Yen utang kudu nyahuri, Layat mring kang kasripahan, Nglipur mring kang kasisahan.

Awak-awak wangsulana, Pitakonku marang sira, Saka ngendi sira iku, Menyang endi tujuanmu.

Mula coba wangsulana, Jawaben kalawan cetha, Aneng endi urip ira, Saiki sadina-dina, Kula gesang tanpa nyana, Kula mboten gadhah seja, Mung karsane kang Kuwasa, Gesang kula mung sa’derma.

Gesang kula sapunika, Inggih wonten ngalam donya, Donya ngalam karameyan, Isine apus-apusan.

Yen sampun dumugi mangsa, Nuli sowan kang Kuwasa, Siyang dalu sinten nyana, Jer manungsa mung sa’derma.

Sowanmu mring Pangeranmu, Sapa kang dadi kancamu, Sarta apa gegawanmu, Kang nylametke mring awakmu.

Kula sowan mring Pangeran, Kula ijen tanpa rewang, Tanpa sanak tanpa kadang, Banda kula katilaran.

Yen manungsa sampun pejah, Uwal saking griya sawah, Najan nangis anak semah, Nanging kempal mboten wetah.
Sanajan babanda-banda, Morine mung telung amba, Anak bojo mara tuwa, Yen wis ngurug banjur lunga.

Yen urip tan kabeneran, Banda kang sapirang-pirang, Ditinggal dinggo rebutan, Anake padha kleleran.
Yen sowan kang Maha Agung, Aja susah aja bingung, Janjine ridhone Allah, Udinen nganggo amalan.

Ngamal soleh ra mung siji, Dasare waton ngabekti, Ndherek marang kanjeng nabi, Muhammad Rasul Illahi, Mbangun turut mring wong tuwa, Sarta becik karo tangga, Welasa sapadha-padha, Nulunga marang sing papa.

Yen ngandika ngati-ati, Aja waton angger muni, Rakib ngatit sing nulisi, Gusti Allah sing ngadili.

Karo putra sing permati, Kuwi gadhuhan sing edi, Aja wegah nggula wentah, Suk dadi ngamal jariyah.

Banda donya golekana, Metu dalan sing prayoga, Yen antuk enggal tanjakna, Mring kang bener aja lena.

Aja medhit aja blaba, Tengah-tengah kang mejana, Kanggo urip cukupana, Sing akherat ya perlokna.

Aja dumeh sugih banda, Yen Pangeran paring lara, Banda akeh tanpa guna, Doktere mung ngreka daya.

Mula mumpung sira sugih, Tanjakna ja wigah wigih, Darma ja ndadak ditagih, Tetulung ja pilah-pilih.

Mumpung sira isih waras, Ngibadaha kanthi ikhlas, Yen lerara lagi teka, Sanakmu mung bisa ndonga.

Mumpung sira isih gagah, Mempeng sengkut aja wegah, Muga sira yen wus pikun, Ora nlangsa ora getun,
Mula kanca da elinga, Mung sapisan aneng donya, Uripmu sing ngati-ati, Yen wis mati ora bali, Gusti Allah wus nyawisi, Islam agama sejati, Tatanen kang anyukupi, Lahir batin amumpuni.

Kitab Qur’an kang sampurna, Tindak nabi kang pratela, Sinaunen kang permana, Sing sregep lan aja ndleya.

Dhuh Allah kang Maha Agung, Mugi paduka maringi, Pitedah lawan pitulung, Margi leres kang mungkasi.

Nggih punika marginipun, Tetiyang jaman rumuhun, Ingkang sampun pinaringan, Pinten-pinten kanikmatan,
Sanes marginipun tiyang, Ingkang sami dinukanan, Lan sanes margining tiyang, Kang kasasar kabingungan.

Gesang kita datan lama, Amung sakedheping netra, Maena sami andika, Rukun Islam kang lelima.

parikan

tuku slambu neng pasar minggu
yo mung awakmu sing neng atiku

abang abang gendero londo
wis tak gadang ojo gawe gelo


kembang mawar mekare sore
kembang mlati arum ambune
aku sabar ngenteni kowe
mung ojo lali karo janjine

golek watu menyang kali
menyang kali gowo kloso
mung awakmu sing neng ati
nganti mati nggak bakal cidro


jarik lurik suwek pinggire......
suwek pinggiri disampirne cagak.................
aku ojo mbok lirik mergo enek sing duwe.................
mergo sing duwe wonge galak...............
buah salak buah duku
ben galak aku cinta padamu


buah duku buah rambutan masak satu di tengah hutan,,,
bukanya aku keberatan apa mau kamu cuma jadi amukan


buah duku bkn buah rambut
buah rambutan di rambate rawe,,,,,,,,,
 barang satu kok buat rebutann..
wis kono podo rebutan aku tak trimo turahane

buah duren keceplung kali,,,,nggak bakal leren mergo cinta mati,,,



  1. Wédang bubuk, gulå jåwå.Yèn kêpêthúk ati legå.
  2. Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.
  3. Wajik klêthik gulå abang.Aja suthík, yèn tumandang
  4. Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.Najan ora mampír, nangíng liwat.
  5. Kêmbang jagung, dipêthik Cina.Barang wis kadhúng dikapaknå.
  6. Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu.Dadi murid, sing srêgêp sinau.
  7. Manúk kutút, manggúng nggantêr.Yèn ra nurút, bisa kêblingêr.
  8. Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.
  9. Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati
  10. Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå.Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.
  11. Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.
  12. Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå
OLEK OBAT NENG WONO KITRI
LIWAT CILIWUNG AKEH POLANTASE
ONO MAKSIAT OJO DI CEDAKI
YEN KECEMPLUNG ANGEL MENTASE



KETEMU SIMBAH MANGAN KORO
KORONE DI WADAHE KLOSO
AKEH MUSIBAH NENG NGALAM DONYO
MERGO MANUNGSANE KAKEAN DOSO




SIRAH NGELU KEBENTHUK PANDOSO
TUKU OBAT NENG APOTIK SEHAT
NEK RUMONGSO KEKAEAN DOSO
AYO PODO TOBAT LAN OJO LALI SHOLAT


lek ijo2 godong jati
godong jati gawe buntek kupat
lek duwe bojo sing gemati
wis geamati trus sregep sholat


Suket ijo gae pakan sapi...
Ktmu jodo gek ndang dirabi....
 

tuku sepedah warnane biru
mbakku endah pancen ayuu

...bayeme lemu lemu...
lemu dirabuki saben dino
ayeme yen wis ketemu
ketemu trus gak gawe cidro


Sapi lemu akeh pakanE...
Lek ngenteni aku bali qu sek suwE...

    Jumat, 15 Oktober 2010

    monggo sami eling marang gusti ALLOH

    eling2 siro manungso saben wektu podo elingo
    Elingo yen ono timbalan,,timbalane kang moho kuoso.gelem ora gelem bakale lungo yen tinimbalan ra keno wakilan.di salini panganggo putih yen wis budal ra biso mulih,tumpakane kreto pandoso yen rodane rupo manungso.jujugane omah guwo tanpo bantal tanpo keloso,.omah guwo ra ono lawange turu ijen ra ono kancane.di urugi di anjang anjang di urugi di siram kembang ,,disiram kembang,,,tonggo2 podo nyawang olehe nangis koyo wong nembang...iku kang di arani wong kang wis tekan pesti lan takdir soko ilahi,,,Saben wong kang urip neng alam donyo bakale mati,,,,,mulo ayo podo mertobat golek sangune akerat,,,,,ojo ngumbar maksiat,,,ben nggak di laknat ben di aku umate nabi muhamad

    Jumat, 08 Oktober 2010

    ati kang gelo

    keronto ronto rasaning ati,,,,tp kabeh wis tak niati,,,kabeh wis tak yakini,,,sikap lan polah tingkah saben dino mung gawe panas ati iki,
    sepurane lek selama iki duwe salah lan luput karo kowe,,jujur neng ati iki isih enek jenengmu,,tapi mung sebatas ono ing ngimpi,
    kerukunan sing tak bangun matahun tahun dadi sirno.amargo kowe terlalu mentingne keluargomu,,aku nggak tau mbok anggep,,
    aku mung gawe gegenep..aku koyo koyo gak miguno,,tanpo ono sing reti maranmg karep lan butuhku,,tak empet wis ra kuat,,soyo suwi soyo ra kuat
    gak iso sambat,,kabeh mung isoku mung ngulat.duuh gusti,,mugi2 dalan sing tak tempuh iki bener lan oleh rido mu,,,mugi2 kulo saget antuk kamulyan
    lan kanugrahan ing uripku mangke,,,,,,amiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiin

    tangise ati

    Tangise Atiku
    Udan deres wayahe wes wengi
    njur kelingan lungamu dek wingi
    opo wis dadi garising pesti
    kowe bakal cidro janji

    senajan uripku rekoso
    kabeh mau bakale tak tompo
    nuruti gegayuhaning roso
    bebrayan urip klawan ndiko

    kowe lungo tanpa kabar
    nganti seprene
    laraning ati sing nyonggo aku dewe

    ora ngiro yen bakal
    ngene dadine
    wes wes yo wes yen ngono
    yo wes tak lilakake

    Senin, 04 Oktober 2010

    guritan ati tengah wengi

    Eluh iki wis gak nate tumetes..
    prasasat garing najan ing mongso rendeng.
    Jembaring tegal wus tak pecak i..
    Dawaning dalan wus tak lakoni..
    Ananging...
    Durung ono gegayuhan kang rinengkuh..
    tumraping sangu ing mongso sesuk..
    opo maneh kanggo darmo bhekti maring nuswantoro.
    duh Gusti Akaryo Jagad..
    Mugi Panjenengan tuntun kawulo dumateng margi ingkang leres..
    Amiin..