ngudo roso ing sak jroning ngaurip,,,datan iso uwal soko garise pepesthi,,,
kito manungso ojo gegampang podo lali marang opo kang diarani kabecikane liyan
ojo dumeh saiki lagi mulya lan biso banjur lali marang konco lan sedulur
paribasan opo yo enek rugine ibarate kelengan bondo neng dulur lan konco
iyo saiki lg iso,,,iyo wong liyo mau saiki lg butuh marang awakmu
ngelingo lakune roda ne donyo muter. arepo koyo ngopo lek enek bot lan repot mu mesthi konco lan dulurmu sing mbok sambati,opo iyo kowe arep sambat wong liyo.
opo iyo wong liyo bakal reti lan peduli marang karepotanmu,dadi uwong ojo lali karo asale.biyen podo2 lek kere,podo leh ora duwe.mandak iso sitik kemeletmu ra umum to lee leee
mbok ngelingono aku sopo kowe ki sopo.ojo dupeh saiki kowe iso.banjur lali konco lali asale.
tapi saiki disawang ae.lan didelok ae sopo sing butuh lan sopo sing ra butuhne.
bukan kok ki pengin di sobo lan di subya subya.tp lek nek wadine konco ki ojo di obral
sak enggon2.najan mung sepele kanggomu tapi gede kanggoku. ketoke wis gerang kok ra reti karo gerange.ketoke cetho lakok koyo bayi wingi sore.ketok kerep amor wong jebule jubluk uteke.ra cetho ora jowo.mung lek lagi mangan enak gelem nyanak.yen lagi susah polahmu malah ra genah.
seneng manut grubyuk.tanpo rembuk.seneng gawe urub2.adol omong ngalor ngidul ben di anggep koyo wong pinunjul.tp nyatane utekmu landep dengkul.wis tak titeni sak wanci wanci kowe enek repote urusono dewe,,,,,
aku yo aku aku dudu kowe. aku ra butuh_sopo2 aku arep butuh dewe.
mandak no lek ra ngrencal podo lek ra nguntal.
mbok ojo kakehan polah
ads
Tampilkan postingan dengan label bbg wisanggeni. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label bbg wisanggeni. Tampilkan semua postingan
Senin, 24 Oktober 2011
Kamis, 09 Desember 2010
JARE WISANGGENI
NAJAN KATONE OLO INO URUNG MESTI LEK INO,,,,NAJAN KATON MULYO LAN PRASOJO URUNG TENTU YEN DEWEKE BLOKO
ZAMAN SAIKI ZAMAN EDAN ZAMAN PENIPUAN KABEH MUNG LELAMISAN ORA ONO SING PRASAJAN,KONCO KENO DI ARANE KONCO NENG KADANG KOLO BISO DADI MOLO..BISO UGO MBLUSUKNE..YEN KITO SUSAH DI SUKURNE,,YEN KITA SENENG SUKSES DI MEREKNE.DULUR SEMONO UGO YEN LAGI KITO MAJU DI SUBYO SUBYO DI ALEM ALEM,,TP YEN KITO SUSAH MALAH DI LER LER ING NGENDI NGENDI,LALI KABEH OPO WAE SING WIS DI TANDUR DISIKE,ZAMAN SAIKI KUDU PINTER PINTER MILIH KONCO LAN KENALAN,IKI GAMBAR NUDUH AKE OPO SEJATINE KANG DI ARANI DULUR,WISANGGENI GENAH2 PUTUNE BETORO BRAHMA NANGING MERGO WEDI KARO BETORO GURU NGANTI DEWEK E TEGO MATENI MARANG WISANGGENI KANG ORA DOSA LAN LUPUT,NANGING DASAR BOCAH RA DUWE LUPUT NAJAN DI GUWAK NENG ALAS ,,,DI JEGURNE KAWAH DEWEK ORA OPO2 MALAH DADI TAMBAHE KASEKTENE.MALAH MALAH KABEH DEWO ING KAYANGAN ORA ISO NGALAH AKE WISANGGENI,IKU MUNG KARONO PANGKAT LAN KEDUDUKAN KOK ISO NGANTI TEGO MARANG PUTUNE DEWE DARAH DAGINGE DEWE.MULO KONCO AYO PODO ELING MARANG UGER UGER E URIP SAK GALAK GALAK E MACAN AE ORA ONO SING TEGO MANGAN ANAK E DEWE,,MULO KITO DADI MENUNGSO SAMI PODO SABAR LAN ELING ,,GEDEKNE SIKAP ANDAP ASOR,TANSAH MULAT SARIRO.LAN OJO TANSAH NGENDEL2NE KABISANE LAN KALUWIHANE,ELINGO UNEN UNEN BECIK KETIKTIK OLO KETORO,SOPO NANDUR BAKAL NGUNDUH,SOPO UTANG BAKAL NYAUR,
Jumat, 15 Oktober 2010
monggo sami eling marang gusti ALLOH
eling2 siro manungso saben wektu podo elingo
Elingo yen ono timbalan,,timbalane kang moho kuoso.gelem ora gelem bakale lungo yen tinimbalan ra keno wakilan.di salini panganggo putih yen wis budal ra biso mulih,tumpakane kreto pandoso yen rodane rupo manungso.jujugane omah guwo tanpo bantal tanpo keloso,.omah guwo ra ono lawange turu ijen ra ono kancane.di urugi di anjang anjang di urugi di siram kembang ,,disiram kembang,,,tonggo2 podo nyawang olehe nangis koyo wong nembang...iku kang di arani wong kang wis tekan pesti lan takdir soko ilahi,,,Saben wong kang urip neng alam donyo bakale mati,,,,,mulo ayo podo mertobat golek sangune akerat,,,,,ojo ngumbar maksiat,,,ben nggak di laknat ben di aku umate nabi muhamad

Sabtu, 25 September 2010
ILIR ILIR
ILIR ILIR
Kiriman saking : Mul Yanto - mul.yanto6@yahoo.com
Ilir-ilir, Ilir-ilir, tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodot ira Dodot ira, dodot ira kumitir bedah ing pingggir Dondomana, jlumatana, kanggo seba mengko sore Mumpung gedhe rembulane, mumpun jembar kalangane Ya suraka, surak hiya
Ilir-ilir, Ilir-ilir, tandure wus sumilir
Dipun sanepaaken taneman pantun wonten ing sabin ingkang nembe gesang, Umat wonten ing Jawi sami angrasuk agami Islam saking para wali sak sampunipun Majapahit runtuh.Saenggo keyakinanipun dumateng agami Allah punika taksih dlamat-dlamat dereng kiyat ananging sampun siap nampi petunjuk saking para wali.Upami tiyang gesang ing alam donya nembe akil baliq
Tak ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar
Umat ingkang angrasuk agami Allah punika upami taneman nedeng-nedenge angrembaka subur, ketawis ijo royo-royo, amargi gembira ing manah angsal margi ingkang padhang margining kaleresan ingkang sak leres-leresipun taksih giat-giatipun nglampai ibadah. Upamiyo tiyang gesang dipun upamekaken temanten enggal .Amargi temanten enggal punika margining tiyang gesang lumebet ing alam bebrayan agung saestunipun, kedah anggadhahi tanggel jawab dumateng kulowarganipun piyambak-piyambak.Ugi taksih santosa raganipun,santosa pikiranipun.
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Ingkang dipun wastani bocah angon inggih punika para pemimpin umat, ulama, ustad dalah pemimpining nagari. Dene blimbing punika satunggaling buah ingkang persegi gangsal dipun sanepaaken gangsal rukun Islam ugi sholat gangsal wekdal. Wonten ngriki para pemimpin wau angsal prentah maringi conto ugi mbimbing dumateng umat supados nglampai ajaran Islam ingkang leres. Inggih punika nglampahi gangsal rukun islam lan sholat gangsal wekdal.
Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodot ira
Dodot punika punika kain sinjang ingkang dipun damel kain kebesaranipun tiyang Jawi ingkang biasanipun namung dipun damel wonten upacara utawi wonten wekdal ingkang penting kemawon, wonten ing mriki dodot punika maksudipun badan kita . Blimbing punika saget dipun damel kagem ngumbah kain batik utawi sinjang supados awet.Maknanipun umat islam supados nglampahi rukun Islam dalah sholat gangsal wekdal ingkang ginanipun damel anyuceni raga, mila para pemimimpin agami tuwin nagari anggenipun mbimbing umat najanta awrat kedah tetep tlaten lan teguh. Sanajan awrat anggenipun nglampahi kedah tetep dipun lampahi .
Dodot ira, dodot ira kumitir bedah ing pingggir
Ibaratipun kain dodot ingkang sampun suwek-suwek badan kita menika kebak dosa amargi tingkah polah kita wonten ing alam ndonya, ugi amargi kita asring anglaleaken ajaran agami.
Dondomana, jlumatana, kanggo seba mengko sore
Dhumateng sedaya umat islam dipun prentahaken tlaten anggenipun nglampahi ugi nyampurnaaken anggenipun angrasuk agami Islam , tekun anggenipun ngibadah , nyampurnaaken imanipun ingkang tujuanipun kangge ngadhep wonten ngarsanipun Allah ing mangke
Mumpung gedhe rembulane, mumpun jembar kalangane
Mumpung margi kangge ndandani iman tuwin aklak punika taksih padhang terang, mumpung wekdal dalah kesempatan taksih kathah damel nyampurnaaken anggen kita nglampahi agami.
Ya suraka, surak hiya
Mangga dipun sambut prentah ingkang agung punika amargi wekdal ugi kesempatan taksih wiyar, prentah punika dipun lampahi kanthi suka renaning penggalih.

PITUTUR
pitutur
Ala-alaníng kêlakuwané wóng ora kåyå kang sinúng watak "Såpå sirå såpå ingsún". Margå sèndhènan kaluwihané, êmbúh kêkuwasaané, êmbúh karósan, sênêng tumindak sawênang-wênang marang kalahané kang wís titå ora bakal kumawani mancahi gêdhéné nganti wani mbandakalani kêkarêpané. Wóng kang nduwèni sêsipatan kåyå mangkono mau prayogå énggal ngélinganå mênåwå laku jantraníng jagad mono wís kinodrat cåkrå manggilingan; síng wingi ånå ngisór déné sésúk gilír gumanti bakal ngêrèhaké.
Sabên dinå kitå ajêg rêrêsík badan lan pênganggo, kajåbå amríh bagas kuwarasan ugå katón apík lan ngrêsêpaké. Iki pakulinan kang apík. nangíng luwíh prayoga manèh yèn jroníng ati banjúr katuwuhan osík : åpå sabên dinå kita ugå rêrêsík lan ngupakara batín lan jiwå kita amríh sangsåyå apík lan sangsåyå rêsík såkå sakèhíng rêrêgêd såkå anané cacad-cacad lan panggodhå. Sêbab yèn badan wadhag kang kênå ing rusak iku kita gêmaténi, généyå jiwå kitå kang asipat langgêng malah kita lírwakaké pangupakarané ?

Jumat, 24 September 2010
KUCIWO MERGO KOWE CIDRO
beeh atiku neloso ra koyo dino iki......
abot rasane ninggak kutho ponorogo iki
abot ninggal awakmu kang wis neng ati
ra kroso netes luh mrebes mili......
duh gusti kang moho suci
paringono kulo kekiyatan damel nglampahi
lan sabar nglakoni uripku iki
najan remuk rasane atiiii
lagi iki aku kroso lan rumongso
yen tresnomu hamung ono ing jobo
saktenane atimu wis kanggo wong liyo
keno opo kowe ora bloko
kabeh wis tak siap ne ra miguno
musoro tanpo guno
kalah karo karepe wong tuwo
kang wis sarujuk lan wis golek dino
amung aku iso ne mung jaluk sepuro
yen aku iki ora iso gawe kowe mulyo
aku mung drajate wong sudro
kebak rekoso lan cedak coba
tapi jujur atiku ora trimo
yen kowe karo wong liyo
kabeh janji mu cidro
tanpo ono kang nyoto
biyen kowe ngakon sabar
supoyo lancar ora buyar
neng opo ,,,,nyatane malah bubar
aku mbok tinggal mergo ono sing anyar

PERTEMANAN SEJATI
engkau selalu ada dikala aku membutuhkanmu engkau selalu setia ,saat aku dalam kebingungan kebingungan akan sesuatu yang hilang dalam hatiku dikala senja telah menyapa ,dikala ruang telah gunda kau selalu melengkapi! melengkapi serpihan hati yang sudah sirnah di hempas angin sahabatku...!!!!!!!!!! terima kasih atas kesetianmu terima kasih atas semu ilmu yang kamu berikan ilmu yang tidak mungkin aku dapatkan ditempat manapun sahabatku …!!!!!!!!!!!! kau memberikan semangat yang baru dalam hidupku engkau memberiku arti, arti dari sebuah ikatan persahabatan bukan ikatan teman yang kosong belakang sahabatku aku berharap padamu, jangan pernah tinggalkan aku sendiri menjalani hidup dalam dunia yang panah iniaku tdk ingin luka yang sudah lama menutup kembali menganga lagi .
temanku,sahabat sejatiku!!!!!
· · Bagikan
temanku,sahabat sejatiku!!!!!
· · Bagikan
Langganan:
Postingan (Atom)