ngudo roso ing sak jroning ngaurip,,,datan iso uwal soko garise pepesthi,,,
kito manungso ojo gegampang podo lali marang opo kang diarani kabecikane liyan
ojo dumeh saiki lagi mulya lan biso banjur lali marang konco lan sedulur
paribasan opo yo enek rugine ibarate kelengan bondo neng dulur lan konco
iyo saiki lg iso,,,iyo wong liyo mau saiki lg butuh marang awakmu
ngelingo lakune roda ne donyo muter. arepo koyo ngopo lek enek bot lan repot mu mesthi konco lan dulurmu sing mbok sambati,opo iyo kowe arep sambat wong liyo.
opo iyo wong liyo bakal reti lan peduli marang karepotanmu,dadi uwong ojo lali karo asale.biyen podo2 lek kere,podo leh ora duwe.mandak iso sitik kemeletmu ra umum to lee leee
mbok ngelingono aku sopo kowe ki sopo.ojo dupeh saiki kowe iso.banjur lali konco lali asale.
tapi saiki disawang ae.lan didelok ae sopo sing butuh lan sopo sing ra butuhne.
bukan kok ki pengin di sobo lan di subya subya.tp lek nek wadine konco ki ojo di obral
sak enggon2.najan mung sepele kanggomu tapi gede kanggoku. ketoke wis gerang kok ra reti karo gerange.ketoke cetho lakok koyo bayi wingi sore.ketok kerep amor wong jebule jubluk uteke.ra cetho ora jowo.mung lek lagi mangan enak gelem nyanak.yen lagi susah polahmu malah ra genah.
seneng manut grubyuk.tanpo rembuk.seneng gawe urub2.adol omong ngalor ngidul ben di anggep koyo wong pinunjul.tp nyatane utekmu landep dengkul.wis tak titeni sak wanci wanci kowe enek repote urusono dewe,,,,,
aku yo aku aku dudu kowe. aku ra butuh_sopo2 aku arep butuh dewe.
mandak no lek ra ngrencal podo lek ra nguntal.
mbok ojo kakehan polah
ads
Senin, 24 Oktober 2011
Selasa, 12 April 2011
ing sak jroning lelakone urip akeh pacoban lan ujian kang kudu kito lampahi,kari piye carane ngrasakne lan ngadepi,ono sing kuat,sabar,lan tabah,lan nemu hikmah jalari mulyane urip neng alam donyo,ono ugo kang ora kuat,dadi nekat njalari urip kang kesrakat ,tumuju ing dalan sesat lan maksiat,mulo iku ayo tansah eling lan dedeple ing ngarsane gusti kang moho kuoso,mugo2 kito diparingi kekiyatan ngadepi pacobane urip,lan tansah eling urip neng donyo mung sedelo,ojo seneng ngumbar angkoro,seneng tumindak nisto,tansah nguber bondo donyo,kang sejatine mung kanikmatan donyo kang mati ra bakal di gowo.malah mbesuk ing akherat dadi barang kang kudu di tanggung jawabne lan bakal di takokne ,,asale,,gunane,carane mblajakne,tp trus kito pasrah tok,ing donyo kudu tansah mempeng kerjo ben biso mulyo,tansah nggedek ake amal sodaqoh kanggo ngresiki bondo donyo kito,monggo kita sami dedongo mugi2 kito kalebetan golongan tiyang ingkang tansah di pun tresnani kang moho kuoso ,,,amiiiiiiiin3x
Rabu, 12 Januari 2011
wong nandur bakal ngunduh
Senin, 03 Januari 2011
PARIKAN
neng pati golek telo....di kangeni opo gak kroso...
Mangan telo karo ngombe kopi,,,,,,,,,,,,,,,,nggak kroso opo rung reti
ngombe kopi neng ngarepan....yen gak ngerti kok kebangetan...!!
neng ngarepan enek wong ayu,,,bukane kebangetan jane wonge rindu
wong ayu lagi mlaku2....jare kangen rindu kok gak nyamperi aku..
ENEK JARIK SEMAMPIR,,,,,DI GERETI KUCING
JANE AREPE MAMPIR JARE PEAN MLECINNG,,,,,,,
kucinge kok doyan mangan.....aku mlecing mergo sampeyan....
KUCING MANGAN GERIH LORO GULUNE,,,,,MLECING RA SEMBARANGAN SIH MANUT GURUNE
oro gulune ojo di ombeni....melu gurune mergo ngangeni....wkwkwkwk
LEK RA DI OMBENI KESERETEN MATI,,,,,PANCEN NGANGENI TUR GAWE SENENG ATI
TUKU KENUR NENG PASAR LEGI,,,,,DADI DULUR PEAN ISO GEMATIdi ombeni ben ilang serete....ngangeni mergo parikane.....
tarikan kok tali kutang....parikan yuk kanggo hiburan...hahahahah
neng pasar legi tuku wedang jahe....kudu seng gemati been mulyo uripe.....WEDANG JAHE ENAKE YEN DI OMBE DEWE,,,,BEN MULYO URIPE YO SREGEP NYAMBUT GAWE
ARIKAN DUDU TALI KUTANG,,,,,TARIKAN TALINE KENUR
PARIKAN NGLALEKE UTANG ,,PARIKAN NGREKETNE SEDULU
tali kenur kanggo layangan....seduluran iso nambah padang pikiran.
KANGGO LAYANGAN LEK PEDOT JO DI TUTUTI,,,,MADANGNE PIKIRAN YEN RUWET KENEK DI SAMBATI
TUKU KORAN NENG PRARATAN,,,,,,ORA MUNG NGURANGI BEBAN UGO ISO DADI HIBURAN
Langganan:
Postingan (Atom)