ads

Jumat, 24 September 2010

KUCIWO MERGO KOWE CIDRO

beeh atiku neloso ra koyo dino iki......
abot rasane ninggak kutho ponorogo iki
abot ninggal awakmu kang wis neng ati
ra kroso netes luh mrebes mili......

duh gusti kang moho suci
paringono kulo kekiyatan damel nglampahi
lan sabar nglakoni uripku iki
najan remuk rasane atiiii

lagi iki aku kroso lan rumongso
yen tresnomu hamung ono ing jobo
saktenane atimu wis kanggo wong liyo
keno opo kowe ora bloko

kabeh wis tak siap ne ra miguno
musoro tanpo guno
kalah karo karepe wong tuwo
kang wis sarujuk lan wis golek dino

amung aku iso ne mung jaluk sepuro
yen aku iki ora iso gawe kowe mulyo
aku mung drajate wong sudro
kebak rekoso lan cedak coba

tapi jujur atiku ora trimo
yen kowe karo wong liyo
kabeh janji mu cidro
tanpo ono kang nyoto

biyen kowe ngakon sabar
supoyo lancar ora buyar
neng opo ,,,,nyatane malah bubar
aku mbok tinggal mergo ono sing anyar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar