ads

Senin, 24 Oktober 2011

kang di arani konco koyo luwak

ngudo roso ing sak jroning ngaurip,,,datan iso uwal soko garise pepesthi,,,
kito manungso ojo gegampang podo lali marang opo kang diarani kabecikane liyan
ojo dumeh saiki lagi mulya lan biso banjur lali marang konco lan sedulur
paribasan opo yo enek rugine ibarate kelengan bondo neng dulur lan konco
iyo saiki lg iso,,,iyo wong liyo mau saiki lg butuh marang awakmu
ngelingo lakune roda ne donyo muter. arepo koyo ngopo lek enek bot lan repot mu mesthi konco lan dulurmu sing mbok sambati,opo iyo kowe arep sambat wong liyo.
opo iyo wong liyo bakal reti lan peduli marang karepotanmu,dadi uwong ojo lali karo asale.biyen podo2 lek kere,podo leh ora duwe.mandak iso sitik kemeletmu ra umum to lee leee
mbok ngelingono aku sopo kowe ki sopo.ojo dupeh saiki kowe iso.banjur lali konco lali asale.
tapi saiki disawang ae.lan didelok ae sopo sing butuh lan sopo sing ra butuhne.
bukan kok ki pengin di sobo lan di subya subya.tp lek nek wadine konco ki ojo di obral
sak enggon2.najan mung sepele kanggomu tapi gede kanggoku. ketoke wis gerang kok ra reti karo gerange.ketoke cetho lakok koyo bayi wingi sore.ketok kerep amor wong jebule jubluk uteke.ra cetho ora jowo.mung lek lagi mangan enak gelem nyanak.yen lagi susah polahmu malah ra genah.
 seneng manut grubyuk.tanpo rembuk.seneng gawe urub2.adol omong ngalor ngidul ben di anggep koyo wong pinunjul.tp nyatane utekmu landep dengkul.wis tak titeni sak wanci wanci kowe enek repote urusono dewe,,,,,
            aku yo aku aku dudu kowe.                           aku  ra butuh_sopo2 aku arep butuh dewe.
mandak no lek ra ngrencal podo lek ra nguntal.
                  mbok ojo kakehan polah